Text
Nyai Ageng Serang
Buku roman sejarah ingkang asesirah Nyai Ageng Serang punika nyariyosaken sejarah jaman Kraton Kartosura, sabibaaring Geger Pacinan ing Betawi ingkang dipun pandhegani dening Mas Garendi.rnNyai Ageng Serang, - asmanipun ingkang saestu Raden Ajeng Mursiyah -, punika satunggaling putri trah Majapahit. Garwanipun asma Ki Tumenggung Noyontoko, senapati perang, agul-aguling Kraton Kartasura duk nalikapun jaman Geger Pacinan. Sareng garwa ingkang satuhu dipun tresnani seda ing tangahing payudan, Nyai Ageng lajeng sumingkir saking papan karamean, tindak nyepi sarta mesanggrah wonten ing satunggaling pandhepokan, ing Dhukuh Serang, saprelu nglampahi semedi amesu budi.
Tidak tersedia versi lain